Random posts

3/randomposts

Sunday 4 December 2016

Panjol Ghogho - Konangan Ng'LC

Panjol Ghogho - Konangan Ng'LC  

Hasil gambar untuk Panjol Ghogho - Konangan Ng'LC



Mas elingo tresno iki uwes cidro
Kowe lungo karo wong liyo aku ora trimo

Keroso tresno sek uwes ilang muspro
Aku ora lilo yen awakmu keno gudho
Ra niat ngeculno trsno sing wes tak jogo
Tapi mbok rumongso nek atiku iki loro

Oh kasihku .. kemana engkau pergi
Ra kuat ati iki nunggu anggonmu bali
Pamitmu sedelo tak enteni ora bali
Loro ati iki ngerti kowe nggondhol LC

Cemburu ati iki krungu kabar seko mburi
Awakmu kui wes tegel mblenjani janji
Opo aku iki wes ora mbok akoni
Pamit tuku roti lha kok malah entuk LC

Jaremu mung sedelo, pamitmu niliki konco
Kowe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo
Aku pegel anggonku ngenteni, aku mangkel wes mbok apusi
Unimu kowe ra ngasi wengi, lha kok malah kowe nggondholi LC

Rasane loro ati iki uwes cidro
Marai loro ono ing njero dhodho
Mergo kowe lungo karo wedokan liyo
Tapi kabeh iki aku kudu iso nompo

Najan atiku iki kudu ngrasakke loro
Aku isone amung sabar lan lilo
Pasrah marang Gusti lan akeh ndedongo
Nek aku nduwe salah, aku njaluk pangapuro

Jaremu mung sedelo, pamitmu niliki konco
Kowe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo
Aku pegel anggonku ngenteni, aku mangkel wes mbok apusi
Unimu kowe ra ngasi wengi, lha kok malah kowe nggondholi LC

Duh aduh dek bocah ayu, sing saking tak tresnani
Nyuwun pangapurane mergo wes ingkar janji
Aku ora bakal mbaleni koyo wingi
Aku wes janji ro kowe, sumpah mati aku wani

Mergo aku sadar kabeh opo salahku iki
Mergo aku tetep tresno awakmu kuwi
Nanging aku kudu piye, aku wes kadung ngapusi
Aku yo mung iso pasrah marang kersane gusti

Aku tetep ndongo ben kowe iso lerem
Mugo wae aku karo kowe tetep tentrem
Njalok pangapurane mbok kowe ojo merem
Ben iso bebarengan uripe adem ayem

Jaremu mung sedelo, pamitmu niliki konco
Kowe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo
Aku pegel anggonku ngenteni, aku mangkel wes mbok apusi
Unimu kowe ra ngasi wengi, lha kok malah kowe nggondholi LC

Aku pegel anggonku ngenteni, aku mangkel wes mbok apusi
Unimu kowe ra ngasi wengi, lha kok malah kowe nggondholi LC

Mas elingo tresno iki uwes cidro
Kowe lungo karo wong liyo aku ora trimo


 

0 komentar:

Post a Comment