Random posts

3/randomposts

Sunday 22 January 2017

Pendhoza - Getun Masa Lalu


Pendhoza - Getun Masa Lalu

Hasil gambar untuk Pendhoza - Getun Masa Lalu




Ketemu aku ro sliramu
Sing saiki dadi masa laluku
Ser-seran rasane njero atiku
Ora nyongko sliramu mundak ayu

Rasane aku getun tenanan ( tenanan )
Medotke sliramu wektu pacaran ( pacaran )
Kabeh mau amergo jalaran
Ngeboti wedok'an sing dadi gondolan

Sakiki aku wes ngerti
Yen sliramu ora bakal bali
Sak iki aku coba nglalekno
Mugo koe iso seneng ro wong lio

Pancen aku tresno koe
Sayangku mung karo koe
Yo mung koe sing neng ati
Susah seneng tekan mati

Ora bakal tak tinggalke
Njajal mbok titeni wae
Omonganku iki bener
Mugo wae ora minger

Opo enege awakmu
Wes melengkapi uripku
Snajan kamu sangat lugu
Dandan wae yo ora tau

Opo maneh nganggo gincu
Ben gawe mlinir lambemu
Rupamu pancen polosan
Aku coba tetep krasan

Nanging kok godaan teko
Aku seneng ro wong liyo
Mergone bodine tonjo
Bojoku tok tinggal lungo

Pancen atiku ra urus
Kepincut sing luweh mulus
Gawe aku mati alus
Koe saiki ra ngurus

Getun kui tibo mburi
Ora bakal tibo ngarep
Kabeh bacut tok lakoni
Snajan mbiyen ati karep

Getunku soyo tenanan
Yen aku nyawang sliramu
Sing mbiyen dadi bojoku
Sak iki masa laluku

Ketemu aku ro sliramu
Sing saiki dadi masa laluku
Ser-seran rasane njero atiku
Ora nyongko sliramu mundak ayu

Rasane aku getun tenanan ( tenanan )
Medotke sliramu wektu pacaran ( pacaran )
Kabeh mau amergo jalaran
Ngeboti wedok’an sing dadi gondolan

Sakiki aku wes ngerti
Yen sliramu ora bakal bali
Sak iki aku coba nglalekno

Mugo koe iso seneng ro wong lio

Pancen koe ayu tenan
Bedo pas mbiyen pacaran
Dulu ra mbejaji tenan
Wajahmu sangat pas-pasan

Sakiki koe wes bedo
Gawe aku ngelus dodo
Mbiyen kok tok sio-sio
Nganti uripmu nelongso

Sempet ketemu neng ndalan
Aku ro koe sliringan
Lha kok atiku ser-seran
Nyawang koe sing menawan

Saiki piye carane
Aku oleh pin BB’ne
Yen wes oleh njur tok invite
Mugo wae di ACC

Lha ndilalah di ACC
Ora nyongko bungah tenan
Jebul malah yo di DC
yo tok tompo kasunyatan

Mungkin koe wes kelaran
Nganti koe wegah tenan
Karo aku sing ra mutu
Ngarep bali neng awakmu

Saiki wes tak ikhlasno
Koe duwe’e wong liyo
Aku yo mung iso pasrah
Tak jak balen koe wegah

Yowes rasah tak pikirke
Timbang aku mumet ndase
Mending aku joget wae
Joget dangdut rame-rame

Ketemu aku ro sliramu
Sing saiki dadi masa laluku
Ser -seran rasane njero atiku
Ora nyongko sliramu mundak ayu

Rasane aku getun tenanan ( tenanan )
Medotke sliramu wektu pacaran ( pacaran )
Kabeh mau amergo jalaran
Ngeboti wedok’an sing dadi gondolan

Ketemu aku ro sliramu
Sing saiki dadi masa laluku
Ser-seran rasane njero atiku
Ora nyongko sliramu mundak ayu

Rasane aku getun tenanan ( tenanan )
Medotke sliramu wektu pacaran ( pacaran )
Kabeh mau amergo jalaran
Ngeboti wedok’an sing dadi gondolan

Sakiki aku uwes ngerti
Yen sliramu ora bakal bali
Sak iki aku coba nglalekno
Mugo koe iso seneng ro wong lio


0 komentar:

Post a Comment